Tembang Macapat: Pengertian, Jenis, watak dan Filosofinya


Tembang macapat meniko salah siji asilipun kebudayaan jawa ingkang adiluhung. Macapat sampun ana wiwit jaman kuna, yaiku saka anane kekawin. Kekawin meniko yaiku wacana puisi kang ditulis karo bahasa jawa kuno (kawi). Yen diruntut saking sejarah, kekawin dikembangake ing jaman majapahit yaiku sekitar tahun 1400 masehi.

Translate

Tembang macapat sendiri merupakan salah satu hasil kebudayaan jawa yang sakral/ditinggikan. Macapat sudah ada sejak zaman dahulu, yakni dari adanya kekawin. Kekawin sendiri adalah bacaan puisi yang ditulis menggunakan bahasa jawa kuno(kawi). Jika diruntut dari sejarah, kekawin dikembangkan pada zaman majapahit sekitar tahun 1400 masehi.

Senadyan macapat sampun enten saking jaman kuna, nanging tembang iki esih tetep lestari menyang saniki. Rahasiane yaiku amarga tembang macapat sampun mbalung sumsum sejroning pribadi tiyang jawa.

Kenging napa tembang kok saged mbalung sumsum?

Sebab kenging napa tembang macapat meniko saged mbalung sumsum menyang pribadine tiyang jawa yaiku amarga sejeroning tembang macapat meniko ngandung akeh pitutur kang becik kang gedhe pigunane kanggo sangu uripp bebrayan. Umpamane pitutur marang pria lan wanita, ajaran moral, sopan santun, unnggah ungguh, toleransi lan liya-liyanipun.

Translate

Walaupun macapat telah ada sejak lama, namun lagu ini masih tetap lestari sampai sekarang. Rahasia nya yaitu karena tembang macapat sudah mendarah daging kedalam diri orang jawa.

Kenapa tembang macapat sampai mendarah daging?

Alasan kenapa tembang macapat bisa mendarah daging karena didalam tembang macapat mengandung banyak perkataan yang baik yang banyak kegunaan-nya untuk hidup bersama sesama manusia. Contohnyaa perkataan kepada laki-laki dan perempuan, ajaran moral, sopan santun, unggah-ungguh, toleransi dan sebagainya.

Pengertian Tembang Macapat


Tembang macapat yaiku salah sawijining tembang kang ngrembaka ing tlatah jawa kang duweni sawenehing paugeran. Paugeran-paugeran ing tembang macapat iku cacahe ana telu, yaiku guru gatra, guru wilangan lan guru lagu. Miturut Padmosoekotjo (1953:13).

Translate

Tembang macapat adalah salah satu puisi yang berkembang di tanah jawa yang membunyai beberapa peraturan. Peraturan-peraturan dalam tembang macapat itu ada tiga, yaitu guru gatra, guru wilangan dan guru lagu. Menurut Padmosoekotjo (1953:13).

Guru Gatra


Guru lagu yaiku cacahing gatra/larik/baris saben sepada. Ing antaraning tembang siji lan tembang liane ora mesti padha. Guru gatra meniko ora kena ditambahi dhewek merga jumlahe sampun gumathok.

Translate

Guru gatra adalah jumlah larik disetiap bait. Di antara tembang yang satu dengan yang lain tidak mesti sama. Guru gatra ini tidak boleh dirubah semaunya sendiri karena sudah ada aturan bakunya.

Tuladhane (contoh)

Tembang macapat Maskumambang: ana 4 Gatra.

Gereng-gereng Gathutkaca sru anangis
Sambate mlas arsa
Luhnya marawayan mili
Gung tinameng astanira


Artinya: Gathutkaca meraung-raung menangis dengan sangat keras, Rintihannya sangatlah menyentuh hati, Airmatanya -pun mengalir, Sangat banyak sampai ditutupi dengan tangannya.

(M. Sukir Abimanyu Kerem: XI. 1)
Guru gatra tembang macapat ing dhuwur yaiku 4 (papat guru gatra)

Guru Wilangan


Guru wilangan yaiku cacahing wanda (suku kata) saben sagatra. Sami kalih guru gatra, guru wilangan mboten saged di owah-owah jumlahe amarga sampun gumathok saben jenise macapat.

Translate

Guru gatra adalah jumlah suku kata disetiap baris. Sama dengan guru gatra, guru wilangan tidak boleh dirubah-rubah jumlahnya sebab sudah ada aturan baku disetiap jenis macapat.

Tuladha tembang macapat Maskumambang: 12,6,8,8

Gereng-gereng Gathutkaca sru anangis = 12 guru wilangan
Sambate mlas arsa = 6 guru wilangan
Luhnya marawayan mili = 8 guru wilangan
Gung tinameng astanira = 8 guru wilangan

Guru Lagu


Guru lagu yaiku tibaning swara ing saben pungkasaning gatra. Swara kang dimaksud menika huruf konsonan A,I,U,E,O. Uga kalih guru gatra lan guru wilangan, guru lagu nggih sami mboten saged di owahi amarga sampun gumathok saben jenise macapat.

Translate

Guru gatra adalah jatuhnya suara di setiap satu baris. Suara yang dimaksud adalah huruf konsonan a.i.u.e.o. Juga sama dengang guru gatra dan guru wilangan, guru lagu juga tidak boleh dirubah sebab sudah ada aturan bakunya di setiap jenis tembang macapat.

Tuladha tembang macapat Maskumambang: i,a,i,a

Gereng-gereng Gathutkaca sru anangis = i
Sambate mlas arsa = a
Luhnya marawayan mili = i
Gung tinameng astanira = a

Jenis-Jenis Tembang Macapat


Macapat wonten 11 jenis, yaiku:

Sekar Macapat

Guru Gatra

Guru Wilangan

Guru Lagu

Maskumambang

4

12,6,8,8

i,a,i,a

Pucung

4

12,6,8,12

u,a,i,a

Megatruh

5

12,8,8,8,8

a,i,u,i,o

Gambuh

5

7,10,12,8,8

u,u,i,u,o

Kinanthi

6

8,8,8,8,8,8

u,i,a,i,a,i

Mijil

6

10,6,10,10,6,6

I,o,e,i,i,u

Asmaradana

7

8,8,8,8,7,8,8

a,i,e,a,a,u,a

Durma

7

12,8,6,7,8,5,7

a,i,a,a,i,a,i

Pangkur

7

8,11,8,7,12,8,8

a,i,u,a,u,a,i

Sinom

9

8,8,8,8,7,8,7,8,12

a,i,a,i,i,u,a,i,a

Dhandhanggula

10

10,10,8,7,9,7,6,8,12,7

i,a,e,u,i,a,u,a,i,a


Wewataking Tembang Macapat

  1. Mijil : Prihatin, mathuk kanggo cerita kang ngemu rasa kesedhihan.
  2. Sinom : Canthas kan ethes. Prayoga kanggo aweh pitutur.
  3. Asmaradana : Sedhih, prihatin, asmara. Mathuk kanggo cerita asmara.
  4. Kinanthi : Seneng lan Tresna. Mathuk kanggo mulang muruk kang ngemu rasa katresnan.
  5. Dhandhanggula : Ngresepake lan luwes. Mathuk kanggo nggambarake sekabehane.
  6. Durma : Sereng lan nepsu. Mathuk kanggo medharake rasaning ati kang gregeden, utawa cerita perang.
  7. Gambuh : Sumanak lan sumadulur. Mathuk kanggo aweh pitutur utawa sesorah kang ngemu rasa rada sereng.
  8. Pangkur : Sereng lan nepsu. Mathuk kanggo suka pitutur sereng, cerita perang lan pembukaning cerita.
  9. Maskumambang : Nelangsa lan ngeres-eresi. Mathuk kanggo nggambarake rasa sedhih karanta-ranta.
  10. Megatruh : Trenyuh kan memelas. Mathuk kanggo cerita kang ngemu rasa susah.
  11. Pocung : Gregedeng lan kendho. Mathuk kanggo cerita kang sekepenake.

Filosofi Tempat Macapat


Filosofi tembang macapat nggambarake siklus kehidupan menungsa saking alam rahim kanthi megating ruh.

1. Maskumambang

Gambaraken jabang bayi ingkang taksih ing kandhutanipun ibu, ingkang sereng kawruhan jaler utawi estri. Mas tegese sereng gertos jaler utawi estri, kumambang ateges gesangipun ngambang ing kandhutan ibunipun.

2. Mijil

Ateges sampun lair lan cetha priya utawi wanita.

3. Kinanthi

Saking tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supados saged mlampah ngambah panguripan ing alam dunnya.

4. Sinom

Tegesipun kanoman, minangka kalodhangan ingkang paling wigati kagem remaja supados saged ngangsu kawruh sak kathahipun.

5. Asmaradana

Tegesipun rasa tresna, tresna dhumateng tiyang sanes kang sedaya sampun dados kodrat ilahi.

6. Gambuh

Gambuh utawi jumbuh ateges menawi sampun jumbuh  lajeng dipungathukaken antawisipun priya lan wanita ingkang sami nggadahi raos tresna wau. (Menikah).

7. Dhandhanggula

Nggambaraken gesang ingkang saweg remen-remene amarga enten keluarga, gadhah putra, sarwi kecukupan kangge sak keluwarga.

8. Durma

Durma saka tembung derma utawi aweh. Tiyang kang sampun rumaos kecukupan gesangipun lajeng tuwuh raos welas asih dhumateng tiyang sanes ingkang saweg kesusahan. Pramila lajeng tuwuh raos kepengin darma maring sesama.

9. Pangkur

Saking tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa napsu.

10. Megatruh

Megatruh ateges mati.

11. Pocung/pocong

Menawi sampun dados layon lajeng dibungkus mori putih banjir dikubur.

0 Response to "Tembang Macapat: Pengertian, Jenis, watak dan Filosofinya"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel