Lucu-Lucu Inilah 42 Contoh Cangkriman Pepindhan Bahasa Jawa


Anak-anak pada umumnya suka sekali dengan tebak-tebakan, begitupun dengan anak-anak suku Jawa. Tebak-tebakan selain seru juga dapat melatih konsentrasi, jadi selain bermain merekapun dapat belajar. Dalam bahasa Jawa, tebak-tebakan bisa disebut juga dengan cangkriman.

Cangkriman dalam pengertian bahasa jawa yaiku unen-unen kang isine kudu di bathang utawa di bedhek lan di jawab. “Cangkriman yaitu permainan mengolah kata yang isinya harus di tebak”.

Cangkriman memiliki beragam jenis, setidaknya ada 4 jenis cangkriman yakni cangkriman pepindhan, cangkriman wancahan, cangkriman blenderan, dan cangkriman tembang. Pada pembahasan kali ini saya akan menyebutkan contoh cangkriman pepindhan karena cangkriman ini adalah yang paling populer di gunakan saat bermain.

Cangkriman Pepindhan

Seperti namanya, cangkriman ini berhubungan dengan perpindahan. Arti cangkriman ini dalam bahasa Jawa adalah cangkriman kang ngemu teges pepindahan utawa irib iriban. Artinya, cangkriman pepindhan ialah cangkriman yang mempunyai arti seperti pepindahan.

Adapun contoh nya ialah sebagai berikut:

1. Pitik walik saba kebon, batangane: nanas. 

2. Pitik walik saba meja, batangane: sulak.

3. Ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sak kanthong , batangane: kates. 

4. Abang-abang dudu kidang, pesegi dudu pipisan, batangane: batu bata. 

5. Gajah nguntal sangkrah, batangane: pawon. 

6. Ana titah duwe gulu tanpa sirah, duwe silit nanging ora tau bebuwang, batangane: botol. 

7. Ana kuthuk dilebokne kurungan rapet, kira kira wis ora bisa metu, disediyani pakan lan omben cukup, bareng wis satahun kuthuke ilang, menyang endi?, batangane: dadi pitik. 

8. Kayu mati ginubet ula mati, batangane: gasing. 

9. Kebo bule dicancang merang, batangane: buntil. 

10. Wujude kaya kebo, ulese kaya kebo, lakune kaya kebo, nanging dudu kebo, batangane: gudel. 

11. Ana kewan mapane ing alas. Saben wong mesthi wedi. Bareng digendhong dening manungsa, kewan iku ora medeni maneh, lan ora nyakot manungsa. Apa arane kewan iku? Batangane: celeng. 

12. Ana piranti sabane ing pawon. Bareng ketiban cecak bisa mabur. Batangane: kalo. Ana tulisan arab, macane saka ngendi?, batangane: saka alas. 

13. Ana gajah numpak becak, ketok apane, batangane: ketok ngapusine. 

14. Emboke diidak idak anake dielus-elus, batangane: andha.

15. Emboke wuda anake tapihan, batangane: wit pring. 

16. Ana kapal disawat watu bisa kelem, kira kira gedhe apane, batangane: gedhe ngapusine. 

17. Anake gelungan ibune ngrembyang, batangane: wit pakis. 

18. Bapak Demang klambi abang yen disuduk manthuk-manthuk, batangane: onthong. 

19. Bosok malah enak. Batangane: tempe atau tape. 

20. Ing dhuwur wayangan, ing ngisor jedhoran, batangane: wong unduh klapa. 

21. Bocah cilik blusak blusuk nang kebon, batangane: dom. 

22. Bocah cilik nggendong omah, batangane: bekicot. 

23. Dicakot bongkote sing kalong pucuke, batangane: rokok. 

24. Yeng ibune siji anake loro, yen anake siji ibune loro, yen ibune telu ora duwe anak, batangane: salak. 

25. Ing ngisor kedhung ing ndhuwur payung, batangane: wong adang sega. 

26. Lampu apa nek dipecah metu uwonge, batangane: lampu toko sing lagi tutup. 

27. Dijupuki malah dadi mundhak gedhe, batangane jeglongan. 

28. Duwe rambut ora duwe endhas, batangane: jagung. 

29. Dikethok malah tambah dhuwur, batangane: clana. 

30. Ing sadhuwuring lawang ana cecak. Yen cecak iku lunga, lawang iku dadi kewan kang bisa mabur. Apa arane kewan iku? Batangane: lawa. 

31. Lawa lima, kalong telu dadi pira?, batangane: wolu. 

32. Rasane padha karo jenenge, batangane: sepet. 

33. Ngarep ireng, mburi ireng seng tengah methentheng, batangane: wong mikul areng. 

34. Sega sekepel dirubung tinggi, batangane: salak. 

35. Sawah rong kedhok galengane mung sitok, batangane: godhong gedhang. 

36. Tibane ngisor digoleki ndhuwur, batangane: gentheng bocor. 

37. Urang sapikul matane pira, batangane: ana 6. 

38. Yen cilik dadi kanca, yen gedhe dadi mungsuh, batangane: geni. 

39. Wis gedhe kok ngguyu tawa, batangane: nangis. 

4o. Wit adhikih woh adhakah; Wit adhakah woh adhikih, , batangane: wit gedhang lan wit bringin. 

41. Yen mlaku sikile loro, yen mandheg sikile sepuluh, batangane: wong bakul sate

42. Kewan apa sing sirahe ning sikil, mripat ning sikil, irung ning sikil, pokoke kabeh ning sikil. batangane anak pithik kepidak.

Itulah dia cangkriman yang lestari sampai sekarang. Cangkriman bukan hanya permainan tradisional melainkan budaya yang wajib kita jaga. 

2 Responses to "Lucu-Lucu Inilah 42 Contoh Cangkriman Pepindhan Bahasa Jawa"

  1. Manteb, kuciwani bocah saiki akèh sing gak dhong.

    ReplyDelete
  2. AnonymousMay 10, 2023

    Gak ketemu

    ReplyDelete

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel